my banner link

Kamis, 03 Desember 2009

Dagelan Jowo 3

Gemblong jago nedak.

" Wah, dhino iki ulangan sujaroh. Aku dhurûng sinau, jé. Kakèhan nonton wayang.
" Halah, arepo kówé sinau, tetep waé ra biso
" Aku mengkó tak nedak kówé, yo ? Mengkó tak jajakké, wîs.
" Nîng ojo persis banget, yo ? Ndak konangan.
" Contoné piyé ?
" Nèk jawabanku ‘Jakarta’ kówé njawabo ‘Jayakarta’. Nèk aku ‘Yogya’, kówé ‘Jogja’.
" Oké

Bopo guru macakké pitakon2é, murid2 nulîs jawabané ono kertasé déwé2.

" Bocah2, nèk óra biso njawab kudhu mènèhi katrangan opo sebabé óra biso njawab. Ngerti ?
" Muridh2 : Ngertoooooooooos …..

" Bopo Guru takon Jeneng ciliké Panembahan Sénopati sopo ?
" Temu nulîs Dhanang Sutowijoyo
" Gemblong nulîs Dh. Sutowijoyo

" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Sultan Hadhiwijoyo sopo ?
" Temu nulîs Joko Tingkér
" Gemblong nulîs J. Tingkér

" Bopo Guru takon : jeneng ciliké Hamengku Buwono X sopo ?
" Temu nulîs Bendhoro Radhèn Mas Herjuno Dherpito
" Gemblong nulîs BRM. Janoko D.

" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Pangéran dhiponegoro sopo ?
" Temu nulîs Radhèn Ontowiryo
" Gemblong nulîs R. Ontoséno

" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Sóltan Bintoro sopo ?
" Temu nulîs Aku óra ngerti
" Gemblong nulîs Opo manèh aku !
*********************************************************

Gemblong murid mbeler


Gemblong sinau étûng
" 5 dhitambah 4 piro ?
" 9
" 4 tambah 5, piro ?
" Ojo ngapusi, ah. Kuwi rak mûng dhiwalîk. Jawabé 6 !


Gemblong nggarap zigsaw puzzle
" Mu, mu …. Aku kasîl nggarap zigsaw puzzle
" Ndhelok kéné
" Aku ngrampûngké mûng limang sasi
" Limang sasi ?
" Lha iki ono tulisané, ‘buat 4-5 tahón’.


Gemblong sinau abjad.
" Omon, Gemblong lan Temu, ayo dhólanan. Aku éthok2é bopo guru.
" Yoh
" Yoh

" Aksoro2 iki uniné piyé, Temu ? ( nudhuhké aksoro B,C,D)
" Bé, Cé, lan Dé.
Nèk iki, Gemblong ? (nudhuhké aksoro M,N,P)
" Mé, Né, lan Pé !

PLAK ! Gemblong dhikeplak bopo Guru

" Aksoro2 iki uniné piyé, Temu ? ( nudhuhké aksoro F,R,S)
" èf, èr, lan ès
Nèk iki opo, Mblong ? (nudhuhké aksoro T,D,W)
" èt, èd lan èw !

PLAK … PLAK ! Gemblong dhikeplak bopo Guru. Pîng Pindo

" Omon, iki ongko piro ? (nudhóhké ongko romawi XIII)
" Tigowelas !
Nèk iki opo, Mblong ? (nudhuhké ongko Romawi XXX)
" Niku ….. niku ……
" Hayo opo ! Nèk ngawûr tak thothoki kówé.
" Niku ….. niku ……
Opo !
" Saruuuuuuuuu ……….. !

PLAK …. PLAK …… PLAK ….. ! Gemblong ngeplak bopo Guru. Pîng telu..
**********************************************************

Gemblong lan bopo Guru

Telat
" Kówé kok pijer telat baé, to ?
" Lhó, rak dhikèngkèn mlampah gliyak2, to ?
" Sîng akon sopo ?
" Lha, niko onten tulisan cedak sekolahan
" Tulisan opo ?
" Ada Sekolah, jalan pelan2

Ilmu Bumi
" Mblong, dhudhuhno papané Amerika ono peta iki
" Niki !
" Pinter kówé.
" Lha Gemblong, jé.
" wah, wah, wah, …..

" Murid2, sîng nemokké Amerika sopoooooooo ?
" Murid2 : Gembloooooooooong ……… !

Tapak Asmo
" Mo, Mo, Romo saged nyerat nggèn petengan mboten ?
" R : Biso, piyé to ?
" Tapak asmo teng rapot kulo, nggèn petengan saged ?

Gegremet
" Mblong, piyé carané bèn óra dhicokoti gegremet
" Nggîh ampûn nyokot gegremet to, mangké ndak dhiwales

Ndhilalah
" Gawénen ukoro nganggo tembûng ‘ndhilalah’
" Ndhilalah kok tanggal lan papan daupipûn Romo sami kalian Ibu
" Gawénen siji manèh
" Ndhilalah griyo kulo sami kalian griyanipûn Romo-ibu

Kaos sikél
" Kaos kakimu kok óbar abîr, to ?
" Pripûn, to ?
" Sîng kiwo abang, tengené biru
" Lhó, kok teng ngómah nggîh onten sîng persis ngèten niki, nggîh ?

Pasedhuluran
" Nèk aku mènèhi duwît wong ngemis, jenengé laku utomo opo, Mon ?
" Pasedèrèkan kalian tiyang kesrakat
" Nèk aku ulûk salam Assalammualaikum, jenengé laku otomo opo, Mblok ?
" Pasedèrèkan Muslim
" Pinter kówé. Saiki kówé Mblong.
" Kulo ?
" Nèk aku ngélékké wong nyabeti asu, jenengé laku utomo opo ?
" Nopo pasedèrekan kalian segawon ?

Karangan kembar
" Mblong, karangan ‘sekolahku’ kok persis karangané Temu ? kówé nedak, to ?
" Wéééééééééé, mboten !
" Halah, ayo ngaku !
" Lha sekolah kulo kalîh sekolahé Temu sami, jé. Dhadhos criosé nggîh sami.

Ngómyang
" Wong sîng terûs ngomyang nadhyan wîs óra dhirungokké jenengé opo ?
" Bopo Guru !

Jam
" Opo sebabé jam iku angkané mûng tekan 12 ?
" Lha 12 mawon kulo pijer telat, jé. Nopo malîh nèk cacahé mûng enem.

Biologi
" Omon, iwak paus nglahirké anaké. Dhisebût kéwan opo ?
" Mamalia
" Temu, wedûs mangan suket dhisebût kéwan opo ?
" Herbidóra
" Macan mangan dhagîng. Dhisebût kéwan opo, Mblong ?
" Kéwan galak !

Nggambar
" Kówé nggambar opo, Mblong ?
" Méndho nedo suket
" Endhi suketé ?
" Empûn dhimamah mendhané
" Wedusé endhi ?
" Empûn késah
" Halah, padhuné óra biso nggambar.
" Lhó, nèk empûn mboten onten suketé, méndhané teng riku ajeng nopo ?

Monjali
" Monjali iku opo, Mblong ?
" Monumen JOGJA Kembali
" Nggoné ngendhi ?
" Teng….. teng …… Lamongan ?

Supersemar
" Gemblong, Supersemar iku opo ?
" Surat Perintah 11-MARET
" Sasi opo ?
" Nopember ?
********************************************************

Gemblong ajar bahasa Indonesia.

Naliko isîh cilîk Temu ngajari Gemblong bahasa Indonesia.
" Bahasa Indonesiané bundher opo ?
" Bundar
" Serem ?
" Seram
" Seneng
" Senang
" Pinter ?
" Pintar
" Saiki terjemahno nganggo bahasa Indonesia.
" Yoh

" Merconé gedhem2 nîng pas dhisumet mejen kabèh; marahi aku mangkel.
" Merconnya gedham gedham tetapi waktu dhisumat mejan semua; bikin saya mangkal.

" Aku lunggûh lenger2 mumet mikir nganti njlimet
" Saya duduk lengar lengar mumat mikir sampai njlimat.

" Tak sumet sîng óra mlempem
" Saya sumat yang tidak mlempam.

" Wong2 kesengsem sebab suarané gandhem marem
" Órang2 kesengsam karena suaranya gandham maram.

" Sakîng blerengé, ono wong meteng lan lemu mentheg2 nganti merem
" Sakîng blerangnya, ada órang metang dan lema menthag menthag sampai meram.
*********************************************************

Totokromo

" Nèk wong Amerika midhak sikîl uwong liyo, muni piyé ?
" Excuse me
" Nèk wong Inggris ?
" Pardon me
" Nèk wong Sîngapore ?
" Sorry – lah
" Nèk kówé ?
" Sanès kulo, lhó !

Toto Dahar
" Mu, Temu tak takoni,
" Yoh, arep takon opo ?
" Nèk mangan îng resto pirîng sendok garpu mbur adul, sîng mentas mangan sopo ?
" Wong Amerika
" Nèk kabèh temoto rapi ?
" Wong Inggris
" Nèk temoto artistik
" Wong Prancis
" Sîng palîng resikan sopo ?
" Kówé
" Aku ?
" Pirîng sendok garpu lsp tok gowo mulîh, to ?
**********************************************************

Gemblong lan sopir bis

Naliko isîh cilîk Gemblong numpak bis. Sopiré bîs sebel banget, sebab Gemblong usreg, ngomyang terûs tûr mbrebegi kupîng.

" Nèk bapakku bantèng ibuku sapi, aku dhadhi kebo ciliiiiiiiiiiik ………….
" Hus, meneng ! Óra bengak bengok !

" Nèk bapakku Garudho ibuku Jatayu, aku Sempati ciliiiiiiiiiiik …………. !
" Hèh, biso meneng óra, mBlong !

" Nèk bapakku Hondadada ibuku Yamahahaha, aku Suzukikiki ciliiiiiiiiiiik ……………… !
" Wé lha dhalah ! Tak thothoki tenan kówé, mBlong

Nangîng Gemblong tetep ngomyang bengak bengok mbrebegi kupîng. Suwé2 Sopiré muntab
" Nèk buapakmu hombrèng lan mbokmu wéwé gombèl, kówé dhadhi opo, mBlong ?
" Kulo dhadhos …… dhadhos …… dhadhos ……
" Dhadhi opo, hayoooooo ! [ Sopiré bîs ngécé-écé ]

Sopiré bîs ngguyu cekaka’an
Huah … ha …. ha …. hah … ho … ho … ho …..

" Dhadhi thuyûl ? Huah … ha …. ha …. hah … ho … ho … ho …..
" Mboten !
" Lha dhadhi opo ?
" Dhadhos ……. sopir biiiiiiiiiiiiis …………… ! …… Ihi hi hi hik …….. ihik ihik ihik ………..
*************************************************************

Gemblong yang2an

ABG Gemblong yang2an karó Menuk menyang Mol.

" Trésno iku wuto yo, Mblong
" Ho’oh
" Mblong, yûk jajan panganan, yûk.
" Yoh, milîh télo gorèng opo bolang balîng
" Piza baé
" Lhó, jaréné trésno iku wuto ? Kok biso milîh panganan ?
" Nèk urusan panganan, trésno iku werûh, jé

" Sarèhné duwétku cupet, tuku bolang-balîng dhipangan ono restóran Pizza, yo Nuk ?
" Yoh, nîng kono ono tulisan “ dhilarang membawa makanan sendhiri “, piyé ?
" Ojo kuwatir, iki Si Gemblong pónakané Ki Gdé Dadûng Ireng.

Gemblong nggandèng Menuk mlebu restóran, obo teh botol lóró terûs cah cilék2 lóró ngethemul mangan bolang balîng. Dhiparani Satpam.

" Hey, kówé biso moco óra, to ? Kaé ono tulisan opo ?
" Dhilarang membawa makanan sendiri
" Kówé mangan opo kuwi ?
" Wé, kulo mboten mbeto panganan piyambak, kok ?
" Lha bólang-balîng kuwi opo ?
" Niku ndèké Menuk. Sîng dhitedo Menuk gadahan kulo.

" Yûk, tuku salak pondoh, yûk. Kuwi ono sîng dhodhol
" Halah, salak sak-upil2 kok arep dhituku
" Bejo kówé Mblong, upélmu gedéné óra sak salak kuwi.

" Kok ono rubung2 kaé ono opo, yo ?
" Sajaké ono kacilakan. Ono polisi, PMI barang kok
" Aku kepîngîn werûh nîng kemruyuk óra ketok, piyé carané yo ?
" Ojo kuwatir, iki Si Gemblong pónakané Ki Gdé Dadûng Ireng.

Gemblong mbengok sero banget : Minggiiiiiiir …… iki anaké korban arep liwaaaaat !
Sîng podo ngrubûng minggîr. Korban sîng gemléthak kétok. Wedûs. Sedhulur2é Gemblong.


" Yûk tuku saté Medhuro, yûk. Nggo ólèh2. Kaé ono sîng dhodhol.
" Wah, sîng dhodhol medhèni. Mengkó gèk gali ?
" Óra popo. Kono mangkato, tak entèni kéné

" Saténé pinten ?
" Sak tusûk sèwu.
" Angsal ngenyang mboten ?
" Nèk gelem tuku gèk tuku, nèk óra ngaliho kono (matané mendheliki Gemblong)

" Wah, sîng dhodhol galak, jé.
" Njûk piyé ?
" Apiké kówé sîng ngglembûk. Nèk karó cah wédhok rak éntûk. Duwité ra sedeng, jé.
" Yoh

" Pak, samang sekîng Medhuro nggîh ….
" Ho ‘oh.
" Kok tebéh2 mriki ……..
" Aku dhioyak polisi
" Sebabé nopo ?
" Gawé rojo pati.
" Wah, mang napakké ?
" Tak pethèl, dhagingé tak cacah2.
" Sinten sîng mang patèni ?
" Cah wédhok cilîk ngglembûk bèn dhimurahi, tûr crigis pijer takooooooon, terûs.


Gemblong romantis
Gemblong karó Menuk lungguhan ono lincak ndheleng lintang ono tawang.
" Kang Gemblong; upamané aku dhadhi kembang kówé dhadhi opo
" Menuk kekasihku – aku tak dhadhi tawon nyesep madhumu.

" O, kang Gemblong aku tak dhadhi kóran …..
" Dhadhi kóran ?
" Ho’oh; supoyo saben dhino aku tok bukaki
" Wah, ho’oh yo. Aku gelem dhuwé kekasîh koyo kóran
" Sebabé ?
" Saben dhino kekasihku ganti anyar !


Gemblong ngenyang Bonekah Rondo
Menuk ngglembûk yangé, Gemblong

" Mblong, mbok aku dhitukokké bonekah, yo ?
" Bonékah nggo opo ?
" Tak nggo pakan pitîk, piyé ?
" Ngono wé nesuuuuu ……
" Jenèh nèk takon ra mutu.
" Yoh wîs, nîng ojo sîng larang2, yo.
" Yûk budal nang toko bonekah, saiki yûk.

" Niku bonekah nopo, regané pinten ?
" Niki bonekah srimpi, reginé 10,000
" Nèk niku ?
" Niki bonekah Inul, 25,000

" Lhó, kok luwîh larang ?
" Lha bonékahé saget mégal mégol, jé.

" Nèk sîng ginuk2 niko ?
" Niki bonekah Rondo, awîs sanget.
" Pinten ?
" Tigang yuto

" Wé lha dhalah ……. kok larang banget ?
" Rondo mblegendu, jé.
" Lhó, sîng larang niku rak kudhuné srimpi, wong tesîh prawan kinclong2. Nadhyan mblegendu, rondo niku rak empûn ….. anu, to ?
" Wé, mboten ngoten

" Lha sebabé nopo ?
" Aksesoriné kathah, jé. Onten ómah, montor, deposito, mas2an, barlian, lll
" Kok ndhadhak aksesoriné kathah ?
" Lha randané éntuk2an sakîng mantan garwané, jé.
*******************************************************

Gemblong ketemu cah mbeling

" Mu, Temu mrénéyo, tak kandani gosip
" Opo ?
" Si Gasar sîng marakké si Paijem, réwangé pak Surip, meteng !
" Ah, ngoyoworo ! Wong si Gasar isîh bocah sangang tahûn kok.
" Wé, tenan jé ! Si Gasar kaé mbelingé nyetheg.
" Ndhobos !

" Lhó, kok óra ngandhel
" Piyé carané ?
" Nganggo bitîng
" Bitîng marakke meteng ?
" Ho ‘oh

" Tambah ndhobos kówé. Mbèl gèdès !
" Wé, kok ra ngandhel, lhó. Nèk tenan kówé tak thothoki, gelem ?
" Iyoh, wîs. Carané piyé ?
" Gasar nggunakké bitîng nggo …….
" Nggo opo ?
" Nyoblosi Karet KB bapakné !

Plethok ! Gundulé Temu dhithothok Gemblong.
********************************************************

Gemblong survai indekost

Bopo Kost nimbali Gemblong

" Mblong, mrénéyo
" Onten nopo ?
" Aku dhuwé ómah isi rong pulûh kamar kost.
" Dhalemé sîng celak kantor PLN niku, nopo ?
" Ho ‘oh. Laris, kebak terûs, tûr sîng kost podo krasan. Aku bathi lekenthi.
" Wo, enggîh to ?

" Ho ‘oh. Aku arep gawé ómah kost manèh, nîng sadhurûngé tak survai disék
" Surdey nopo ?
" Takonono cah2 lanang sîng indekost kuwi
" Takon nopo ?
" Opo sîng marakké podo krasan kost ono kono. Kok nganti tahónan óra pindah2 ?
" Nggéh

" Mas C, sîng marahi sampéyan krasan indekost ono kéné opo ? Opo cedak kampus ?
" Óra, kampusku adhoh seko kéné
" Lha opo ?
" Éntûk ngeloni kucîng îng kamar kost.

" Mas D, sîng marahi sampéyan krasan indekost ono kéné opo ? Opo murah ?
" Murah ? Kost kéné kelarangen rong pulûh èwu.
" Lha opo ?
" Éntûk ngeloni kucîng îng kamar kost.

" Mas E, sîng marahi sampéyan krasan indekost ono kéné opo ? Opo kamaré apîk ?
" Apîk ? Genah pijer trocoh ngéné, kok. Gèk cèté mangkak, kacané podo benthèt.
" Lha opo ?
" Éntûk ngeloni kucîng îng kamar kost.

" Mas F, sîng marahi sampéyan krasan indekost ono kéné opo ? Opo serpisé apîk ?
" Halah, ómah mbledher, lampuné pat-pet, banyuné incrat incrit, kok.
" Lha opo ?
" Éntûk ngeloni kucîng îng kamar kost.

Mengkóno saterusé nganti pîng rong puluh.

" Bopo Kost, niki survainé empûn rampûng
" Piyé asilé ?
" Jebûl laré2 kost niku krasan sebab angsal kempal kebo.
" Ah, óra. Kost sîng éntûk kumpul kebo akèh, kok ?
" Lha, jaréné angsal ngeloni kebo ?
" Kebo ? Sîk, sîk, sîk ….. bocah2 kuwi podo mangsuli piyé ?
" Lha, wangsulané sedhoyo sami : “Éntûk ngeloni kucîng îng kamar kost “. Karepé rak ngeloni kebo, ngoten.
" Wong 20 kabèh muni ngeloni kucîng ?
" Enggéh

" Jagat Dhéwo Bhatoro ……….
" Lhó, pripûn to ?
" “Kucing” iku parabané bójó enom simpenanku, jé !
*******************************************************

Gemblong nyogok munyók


" Mblooooooooooong ……. !
" Onten nopo ?
" Kaé munyûkku ucûl, mènèk uwît. Tulûng cekelen.
" Munyuké niko jaler nopo estri ?
" Lanang

" Nggîh. Kulo tak mènèk, munyuké kulo sogoké supadhos dawah. Niki segawon kulo jogo ngandap.
" Kok nganggo asu barang ?
" Mangké nèk munyuké tibo, mesthi dhicokot asu niku. Munyuké gampîl dhicepeng
" Asu iki biso nyokot, po ?
" Wo, segawon niku nèk werûh barang dawah, mesthi nyokot, jé. Tûr mesthi milîh nggèn saru !

" Ho ‘oh, po ?
" Enggîh. Niki krikilé dhiasto
" Kok nganggo krikîl barang ? Nggo opo ?
" Kanggé mbalang segawon niku
" Lhó, piyé to kówé kuwi ? Asuné kok malah dhisawat ? Jaréné kon njagani ?

" Lha, nèk sîng ceblok …….. kulo ?
********************************************************

Gemblong maén bedèkan

" Opo sebabé Tukijo yen nonton sorot (filem) mesthi cah 18 ?
" Sebab kanggo 17 keatas

" Apo sebabé angger ono thathit Tukijo mesthi mesam mèsem
" Sebab, rumangsané lagi dhipotret

" Opo sebabé Tukijo óra bisa telpûn 911 ?
" Sebab telpune óra ono ongko sewelas !

" Mblong, opo sebabé udhan mesthi soko nduwûr ?
" Yèn soko ngisor jenenge air mancur, bódó !

" Numpak motor karó mobil ampûh endhi ?
" Numpak mobil, sebab udhan óra kudhanan. Panas óra kepanasen
" Salah ! Numpak motor; sebab udhan óra kepansen, panas óra kudhanan !

" Opo sebabé macan mangan iwak mentah ?
" Óra dhuwé kompor !

" Opo sebabé gedung Bioskop óra klebon banjir ?
" Sebab banjiré óra tuku tiket !

" Opo sebabé motormu mereké Yamaha ?
" Sebab gawéyan Jepang. Yèn gawéyan Arab, mereké Ya Mahmud !

" Opo sebabé Superman rambuté kritîng mûng siji ?
" Sebab, yen akèh jenengé Supermie !

" Opo sebabé banyu segoro rasané asin
" Sebab iwaké podo kemringet. Tak oyak2.

" Opo sebabé wong Mexico yèn ngulondhoro ijèn nggowo gitar ?
" Yèn wong Jowo óra biso. Tenèh kemblegan gong.

" Gajah opo sîng tlaléné cendak ?
" Gajah pèsèk !

" Opo sîng marahi Jakarta kebanjiran ?
" Banyu !

" Opo sebabé irûng dhumunung ono ngarep
" Yèn dhumunung ono nduwûr gundulmu, nèk nganggo topi tenèh keplepegen.

" Yèn gajah dhadhi pitîk, sîngo dhadhi pitîk, pitiké dhadhi opo ?
" Pitike tambah akîh !

" Manûk opo sîng swiwiné mûng siji ?
" Manûk nglamar gawéyan
" Lhó, kok ?
" Swiwiné sîng siji ngempît map !

" Opo sebabé dokter gigi cangkemé dhitutupi ?
" Yèn matané sîng dhitutupi, kléru matamu sîng dhibor.

" Opo sebabé yèn ono lampu merah podo mandeg ?
" Dhi-rem. Cóbo nîk dhi-gas, sengoro mandeg

" Yèn aku ulang tahûn, sopo sîng óra teko ?
" Pitékmu ... sebab wîs tak belèh ...

" Opo buktiné yèn wortel murakabi kanggo mataku ?
" Lhó, endhi ono kelinci sîng pakanané wortel nganggo kaca mata ?

" Opo sebabé yîn metu soko Bajay kudhu nganggo sikîl kiwo disîk ?
" Yèn nganggo endas disîk tenîh temungsep !

" Pitîk opo sîng biso ngendog ono petarangan, wit2an, lll ?
" Pitîk wadhon !

" Gajah yèn mabur nganggo opo ?
" Nganggo kangèlan !

" Opo sebabé dokter bedah nganggo sarûng tangan ?
" Nèk anuné sîng dhisarungi, jenengé KB.

" Kucîng opo sîng biso mbaung ?
" Blasteran kucîng karó asu !

" Wit2an iku sîng sisîh mburi sîng endhi ?
" Sîng pesîng !
" Lhó, ?
" Óra ono wong pipis ono ngarep wît, mesthi ono mburi wît.

" Nèk dhitutup malah nginjen nîng nèk tutupé dhibukak nesu2. Opo ?
" Wong numpak becak wayah udhan

" Aku dhuwé pisang 10 tok jalûk 3, kari piro.
" Tetep 10
" Lhó ?
" Lha kówé cah uthil, jé.

" Trek Trailer karó gróbag bané akîh endhi ?
" Trek Trailer
" Salah !
" Gróbag, sebab lagi ngusungi ban.

" Opo sîng njabané mulus njeroné kisót2
" Mbahmu numpak Mersi

" Kembang opo sîng angger ono wong îng ngisoré mesthi keplepegen.
" Teraté.

" Bekicot karó Klabang Sèwu (kaki seribu) nèk balapan banter endhi ?
" Bekicot
" Sebabé ?
" Bekicot wîs tekan finish, klabangé rûng rampûng ólèhé sepaton

" Opo sebabé tulisan klambiné Superman ‘S’
" Nèk tulisané M utowo L, tenèh kedobrohan

" Opo sebabé bumi tansoyo panas ?
" Saben dhino srengîngéné bukak cabang

" Opo sebabé kaîn kafan wernané putîh ?
" Nèk abang, ijo, opo kunîng, tenèh ndharani lagi arep karnadal

" Opo bédhané joko thing-thing karó óra joko ?
" Nèk dhudhu joko, wîs tau saru karó wong wédhok
" Nèk joko thing-thing ?
" Dhurûng tau
source: xi broto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar