my banner link

Sabtu, 26 Desember 2009

Dagelan Jowo 6

Wawancara nyolowaði

Tukijo suwito Bopo Direktur
Sawisé ngèngèr dhèn Kakûng, Tukijo suwito nang bopo Direktur îng sawijinîng pabrik gróbag. Dhadhi pegawai cilîk, kinasîh bopo Direktur. Tukijo nandhangi manéko warno, kerep2é dhadhi kongkonané bopo direktur.

Wawancara nyolowadhi
Bopo Direktur wîs entûk calon staff lan óra kerso nerósaké anggone wawancara. Tukijo dhidawuhi nerûsaké wawancara pelamar2 sîng wîs kebacût dhiundhang. Dhidawuhi supoyo sakabèhîng pelamar dhitampiki.

" Kówé njalûk bayar piro ?
" Pelamar Kalîh yuto
" Wah, kelarangen. Kówé óra dhitompo
" Nèk ngoten, setunggal yuto mawon.
" Tambah óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Pt iki óra nompo staff murahan.



Calon liyo :
" Kówe dhuwé éncon (yang, pacar) ?
" Gadah
" Manggon endhi ?
" Monconegari
" Kówé óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Mengkó ndak mûng telpan telpûn. SLI larang.
" Minggu ngajeng mpûn wangsul, kok
" Tambah óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Lha, kówe mesthi mûng mbolas mbolos nggolèki énconmu.



Calon liyo :
" Kówé nglamar opo ?
" Sekretaris
" Kówé ayu óra ?
" Kadhosipûn ngoten
" Kówé óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Mengkó manajer2é mundak podo kepéncût. Marahi gendhro.
" Sakjané kulo mboten ayu, kok
" Tambah óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Mundak nyepet2i moto.



Calon liyo :
" Kówé dhuwé éncon ?
" Dhèrèng
" Wîs tau golèk ?
" Empûn, nîng mboten kasél
" Kówé óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Lha, golèk éncon baé óra biso
" Sakjané onten nîng kulo tilar sebab kulo mboten demen.
" Tambah óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Mengkó mûng metu ólèhé mbût gawé, mergo kówé óra demen.



Calon liyo :
" Kówé dhuwé éncon ?
" Gadah
" Nggantheng ?
" Enggéh
" Kówé óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Mengkó anggonmu nyambût gawé óra jenjem. Wedhi énconmu dhirebût uwong.
" Sakjané mboten nggantheng, kok
" Tambah óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Golèk éncon nggantheng baé óra tèyèng. Opo manèh mbût gawé



Calon liyo :
" Kówé dhuwé éncon ?
" Gadah
" Sîng kapîng piro
" Sepindah
" Kówé óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Lha, golek éncon baé mûng entûk siji
" Sakjané kathah
" Tambah óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Kówé mengkó mûng tukang gónta ganti gawéyan, to ?



Calon liyo :
" Dhuwé morotuwo ?
" Gadah
" Sugîh ?
" Enggîh
" Kówé óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Morotuwamu baé óra gelem nompo kówé dhadhi staffé.
" Sakjané mboten sugîh, kok
" Tambah óra ketompo
" Sebabipûn ?
" Mengkó mûng pijer njalûk mundak bayar terus nggo nyokong morotuwo.
**********************************************************

Boss nyolowaði


Sawijinîng dhino, Tukijo dhidawuhi supoyo ngawasi staff2 kantor. Saben dhino ono2 baé saff sîng dhisenèni.

" Kówé kok ndhableg, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss jenengé dhudhu ndhableg, nangîng konsisten, kukóh panemuné.

" Kówé kok plinthat plinthut lan méncla ménclé, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak luwes utowo fleksibel

" Kówé nèk temandhang kok klelar kleler, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak tlesih, setiti ngati-ati

" Kówé nèk temandhang kok srudhag srudhug grusa grusu koyo ngono, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak prigel, tandhangé cèkat cèket

" Kówé kok pijer gojag gajeg koyo wong telmi, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak mikir jero lan mateng.

" Kówé nèk mutusi kok kecepeten, grusa rusu, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak tegas, cepet mutusi.

" Kówé nèk mutusi kok kewanèn tór sembrono, to!
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak kendhel ngadepi resiko

" Kówé nèk temandhang kok mbeler, gawéné nyalahi prosedur, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak tandhangé inopatip, pinter gawé trobosan.

" Kówé nèk temandhang kok jirih, óra wani ngadepi resiko, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak gedé pengati-atiné

" Kówé kok kengiriten, koyo wong uthil, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak gemi kanggo matrapaké efisiensi.

" Kówé kok gemampang, ngrèmèhké panggawé yan, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak optimistik.

" Kówé kok lancang, nerak wewenang, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak sugéh inisiatip.

" Kówé kok gawéyané klayapan, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak lagi nyerpis panggedé2.

" Kówé kok senengané ngolor atasan, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak lagi lobying.

" Kówé kok kakèhan njalók fasilitas kantor sîng méwah2, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak kanggo njogo citra perusahaan.

" Kówé kok senengané ngojok2i karyawan koyo provokator, to ?
" Lha, boss ugi mekaten, kok.
" Bédho, nèk boss rak lagi dhadhi motivator
*******************************************************

Wawancara Trèmbèlané


Tukijo dhidawuhi nampiki pelamar maneh

" Kówé mau mréné numpak opo ?
" Nitéh mobil
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Saiki BBM mundak terus, mengkó kówé njalûk mundak bayar terus
" Wo, kulo wau namûng mboncèng, kok
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Mengkó mûng gawéné mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi !

Calon liyo :
" Anakmu akèh opo sithîk ?
" Kathah
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Nyambût gawému óra jenjem, mûng mikir gawé anaaaaaak terus
" Wong namûng anak adopsi, kok.
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambût gawé

Calon liyo :
" Kówe wîs ngerti gawéyanmu dhurûng ?
" Dhèrèng
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Arep nyambût gawé kok óra ngerti gawéyané ?
" Wo, nèk dhamelan niku mpûn ngertos kok
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Kówe rak mûng arep keminter, to ?

Calon liyo :
" Kówe ngerti kahanan kantor kene dhurûng
" Dhèrèng
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Arep nyambût gawé kok óra ngerti kantoré ?
" Wo, sekedék2 mpûn ngertos kok
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Kówe senengané ngudal-udal wewadhi kantor, to ?

Calon liyo :
" Kówe kerep loro ?
" Mboten
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gerîng
" Wah, sakjanipûn nggîh asrîng
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Kantor iki óra nompo karyawan pileren.

Calon liyo :
" Kówe biso maîn Internet ?
" mBoten
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Perusahaan óra nompo BI (Buta Internet)
" Wah, sakjanipûn nggîh saget
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Mesthi mûng óra nyambût gawé, kakèhan dhólanan Internet, to ? Ngenték-entekké pulsa !
***************************************************************

Tukijo Ngulondoro

Sawisé pirang tahûn, Tukijo pamît njalûk lèrèn anggoné ngèngèr, arep madeg déwé. Sepisanan nyambût gawé sak kecekelé, wiwît dhadhi tukang ojek, maklaran, mblantîk, nganti dhadhi agen buntût lótre. Wusanané nyóbo dhadhi dukûn nîng óra pati kasîl. Óra payu nganti uripé mèh dhadhi kéré.

Sakîng judegé Tukijo ngulondhoro nganti keblasûk îng laladhan wingît katelah kasetran Gondhomolo. Biyèné padhunungané Tumenggûng Gondhomolo, agul2é wadhyo bolo Nyai ratu Roro Kidhûl, ratunîng lelembût îng segoro kidhûl. Kasebût Gondhomolo sebab sang Tumenggûng wataké kereng, wewaleré óra keno dhilanggar. Sîng nerak wewaler biso keno memolo. Naliko Tukijo kesasar ono kono, Tukijo nompo (bakmi) wangsît supoyo tetep madeg dukûn jejulûk Ki Gdé Dadûng Ireng, nglorod asmané bapakné, lan dhadhi jurukunci kramat iku.

Sakbaliné soko ngGondhomolo, Ki Gdé Dadûng Ireng tansoyo suwé tansoyo kesuwur, wasîs ngusadhani sawernanîng leloro. Luwîh soko iku, Ki Gdé Dadûng Ireng wasîs ngudari ruwet rentengîng urip. Dhadhi konsultan manékowarno, konsultan pajak, manajemen, bisnis, hukum, sepikologi, investasi, politik, ekonomi, lll. Seko rembûg salaki rabi, kulowargo, nganti rembûg perang Irak. Pasien2né pepak, seko kawulo2 cilîk, panggedé2 nganti tekan preman, gali, lan bromocórah podo sébo îng kono. Jalaran wîs dhi-wanti2 Tumenggûng Gondhomolo, óra keno nampîk pasien.

Trah Kromoberdapan
Gemblong iku anaké adiné Ki Gdé Dadûng Ireng sîng ragîl déwé. Biyungé Gemblong rondo lan wîs óra niyat rabi menèh. Mulo soko kuwi Gemblong sok nganggep pakdéné dhadhi sulîh bopokné sîng wîs swargi. Ómahé Gemblong lan pakdéné ungkur2an saînggo sesambungané rapet. Pakdé Dadûng asrîng kongkonan Gemblong nandhangi manéko warno.

Dhiparabi Gemblong jalaran rainé bundher kepleng persis gemblong, dhadhah ketan. Awaké lemu ipel2. Gemblong marisi watak trah Kromoberdhopo mbeling, mbeler, sugîh akal, tûr mbagusi. Persis pakdéné. Gemblong kesèt sekolah, dhadhi kétok bódó. Kakèhan mbyang2an. Gemblong pólatané sumèh, plengah plengèh. Gemblong wongé ènthèngan, dhadhi kerep dhikongkan kongkon.

Menuk iku yangé Gemblong, tonggo ómahé wétan mejîd. Wong lóró guyûp rukûn runtang runtung. Temu iku sakabaté Gemblong. Bocahé sregep sinau lan dhadhi agul2é Gemblong îng pamulangan. Ngalor ngidhûl Temu ngetûtké Gemblong sîng sugîh akal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar