my banner link

Jumat, 27 November 2009

Dagelan Jowo 1

Londho Semanak

Ki Gdé Dadûng Ireng keno stroke nganti dhi-dhabyang2 mlebu UGD. Jèjèré ono Londho kejèt2 nangîng Londho iku semanak. Karó menggèh2 ngajak guneman tangané nudhingi awaké déwé. Ki Gdé Dadûng Ireng tanggap îng sasmito, Londhoné ngajak tepungan.

"Jack ...”
"Dadûng"

"American ...”
"Indonesian ...”

"Italian"
"Jowo ..”

"New York"
"Ngèksigondho !"

"MBA"
".... ? .... Ki Gdé !"

Londhoné ngunandhiko nudhuhké yèn lagi gerah kangker :

"Cancer"
"Taurus !"

"Jack dai ... Dai ... Dai .... (die ... Die ... Die ... )"
"Dai ???? .... I dukûn .... Dukûn .... Dukûn Ki Gdé Dadûng Ireng”
=======================================

Cacing nyolowaði


Naliko Gemblong isîh cilîk.

"Pakdé Kiaiiiiiiiiiiiiiiii …. !"
"Hèh, óra bengak bengok. Mbribèni uwong. Ono opo mBlong ?"
"Aku mo masukin cacîng keliangnya ko’ engga’ bisa bisa, yach ?"
"Nganti mrongos óra bakal biso. Wong barang lemes ngono, kok”
"Abis gimana, doooong …"
"Cacingé dhisemprot hair spray"
"Pakdé punya engga ?"
"Óra. Nembungo mbah putrimu"
"Ya, dè"

Óra let suwé Gemblong bali manèh karó sórak2
"Pakdéééééééééé …. !"
"Hèèèh, óra bengak bengok. Mbribèni uwong. Ono opo mBlong ?"
"Holééééééé, cacîng dah masuk. Mbah putli ikut2an. Holééééééé ……… !"
"Ikut2an ? Tiru2 ngopo ?"
"Katanya sih, mo niru pakai hail seplay "
"Nggo opo ?"

"Buat mbah kakûng"
"Ah, mbahmu wîs ra dhuwé rambut, kok"
"Bukan buat lambût mbah kakûng, pakdé !"
"Lha nggo opo ?"
"Bial cacîng mbah kakûng yang lemes melulu dhi hail seplay sepelti cacingku, "
"Bèn opo ?"
"Bial bisa masûk liang, dong”

Plak ! Gemblong dhikeplak pakdéné.
==============================================

Padatan owah gingsîr

"Tak roso2 jaman iku owah gingsîr, yo ?"
"Pancèn mengkóno"
"Ono sîng kulawîk barang, jé"
"Kuwalîk ? Opo, upamané ?"

"Dèk isîh yang2an, sîng wédhok keplèsèt, gagé2 dhitulungi sîng lanang”
"Basan rabi ?"
"Nèk sîng wédhok keplèsèt, óra dhitulungi, malah dhilokké – horotoyonohhhh …"
"Ah, kuwi rak dagelan lawas"
"Nèk jaman émangsipasi saiki, kedhadhéyané kulawik. Sîng sengsoro sîng lanang"
"Cóntóné ?"

"Dèk isîh mantèn anyar, isîh romantis”
"Romantisé piyé ?"
"Upamané, angger mulîh kantor dhipethûk sîng wédhok karó nggawakké sandal. Asuné buntuté kopat kapit karó njegog2. Seneng, bendharané rawûh. Romantis, to ?"
"Ho ‘oh. Nîng nèk mantèn lungset piyé ?"
"Kulawîk !"
"Kuwalîk ? Sîng lanang dhitûtké asuné methûk sîng wédhok sîng lagi nonggo karó nggawakké sandal. Ngono, po ?"
"Óra ngono. Nèk teko yo tetep dhipethûk karó bójó lan asuné. Mûng kulawik"
"Sîng kuwalîk apané ?"
"Sîng nggawakké sandal asuné; sîng njegog2 …….. situk-é"
================================================

Kodok Ngórèk nyolowaði

"Wé, lha dhalah. Iki ono kenyo sulistio ngabyantoro, sopo aranmu ?"
"Kulo Deronika, rondo enèm, saweg nglampahi rondo wadat"
"Opo kuwi ?"
"mBoten kîngîng sesambetan kaliyan tiyang jaler supados Salon kulo laris"
"Nganti kapan ?"
"Setunggal tahûn. Nangîng kulo mboten kiyat ngampet”
"Jalarané ?"
"Lha, kulo tesîh enèm, jé”
"Njûk karepmu piyé ?"
"Nopo onten sîng biso nyulihi tiyang jaler ?"
"Sîk, tak matak aji disîk, tak golèk (bakmi) wangsît, entènono sedélo”

Sawisé sauntoro wektu

"Pripûn, onten mboten ?"
"Ono. kówé menyango Setro ngGondhomolo. Golèko kodok"
"Kodoké dhigodog nopo dhigorèng ?"
"Hus, óra. Kuwi kodok sekti. Biso manjîng ragamu nyulihi wong lanang lan biso nglegani kówé nganti sak maremmu”
"Kodok ? Ah, Ki Gdé niku, lhó ………”
"Wîs to, ojo maidho. Lakonono baé”
"Wo, ngoten to ? Nggîh pûn, kulo lampahi. Nyuwûn pengèstu"
"Sîng ati2, yo. ngGondhomolo iku wingît. Pengèstuku baé tampanono”

Sawisé sauntoro dhino, Deronika bali manèh

"Ki Gdééééééééééé ……… !"
"Ono opo, ono opo …….”
"Niki kodoké kok mboten saget nopo2"
"Piyé, to ?"
"Lha mûng kèndhel mawon. Bisané mûng mrongos thok, niku pripón?"
"Kéné, kodoké tak takonané"

"Kodok, kodok, …… kówé ngerti tugasmu óra, Dok"
"[ kodoké meneng baé ] …….. (endhi ono kodok biso omong ?)"
"Wé lha, kok meneng baé ? Kétoké iki kodok ngah ngoh”
"Wah, njûk pripûn ?"
"Tak takonané menèh. Dok, ayo mangsuli ! Nèk óra gelem mangsuli tak tempilingi kówé !"
"[ tetep meneng baé ]"
"Wah, éntûk kodok jombloh kiyi, Der. Durûng werûh carané nglegani wong wèdhok”

"Njûk pripûn ?"
"Ndhadhak dhiweruhi disîk, piyé carané nglegani kówé"
"Carané pripûn ?"
"Kówé mlebuwo senthong. Kodoké gawanen. Aku tak tunggu ngarep senthong"

………………

"Mpûn, niki kulo empûn teng njero senthong”
"Si Kodok jombloh werûh posisimu óra ?"
"Nggîh, ketingal”
"Saiki kówé ucól2 ………"
"Ucól2 ?"
"Ho’ oh. Bèn kodoké werûh”
"Namûng pengadheg njawi nopo ucól2 ngantos telas sedhoyo ?"
"Kabèh"
"Mblegendhong ?"
"Ho’ oh”

"Nggîh. ………. Niki mpûn rampûng ……"
"Kodoké ndhelokké kówé óra ?"
"Nggîh, ningali. "
"Saiki kodokè piyé"
"Kok mûng mrongos thok, nggîh ? Matané mlóló (endhi ono kodok matané sipit ?)"
"Wah, jiaaaaan. Kodok ngah ngoh ! "

" "
"Yo wîs, saiki kówé mapano ……”
"Mapan pripûn ?"
"Sîng biasané. Wîs ngerti, to ?"
"Kadhos nèk ajeng nganu niko, nopo ?"
"Ho’ oh, koyo nèk arep nganu kaè. Ngerti, to ?"
"Ngertos. ………. Empûn, niki kulo pûn mapan ……"

"Kodoké ndhelokké kówé óra ?"
"Nggîh, ningali. Nîng mûng kèndhel mawon”
"Kodoké mrongos óra ?"
"Enggîh, niko untuné patîng crongat"
"Wé lha dalah, …….. éntûk kodok baé kok kodok jombloh”
"Wah, njûk pripûn niki. Kulo selak kademen. Lha kulo wudho mblegendong, jé"

"Yo wîs. Sedélo menèh aku tak mlebu ……"

Théottttt ……(sworo kodok ngorèk)
Sensor ……….
Théottttt ……
Sensor ……….
Théottttt ……
Sensor ……….
Théottttt ……
Sensor ……….
Théottttt ……
Sensor ……

Mengkóno saterusé. Saben rong dhino pisan Kodoké dhiweruhi carané nglegani Veronika. Dasar kodok jombloh, nganti setahûn tetep óra biso. Tujuné, Veronika wîs kelegan. Ki Gdé Dadûng Ireng yo ‘marem’
====================================================

Ketanggor Priyo Tróndóló

"Ono opo, ono opo menik ?"
"Ketiwasan Ki Gdé, kulo kepanggîh tiyang tróndóló .. !"
"Tróndólóné piyé ?"
"Senengané ndhemoki kulo"

"Ndhemok ? Ndhemok ngéné, po ? (Ki Gdé ndhemok tangané Menik)"
"Mboten ngoten”
"Lha piyé ?"
"Ndhemok nggèn ngriki (Menik nudhuhi nggon saru2)"
"Ngéné, po ? (Ki Gdé ndhemoki nggon saru2 dhuwèké Menik)"
"Enggéh"
"Piyé rasané ?"
"Pénak"
"Nèk ngono iku dhudhu wong tróndóló"

"Nîng njûk ngóncèki sandangan kulo, jé”
"Ngoncèki ngéné, po ? (Kiané ngoncèki sandangané Menik karó deg2an)"
"Piyé rasané ?"
"Deg-degan"
"Nèk ngono iku dhudhu wong tróndóló"

"Wééééééééé, mboten mûng ngoten, jé”
"Ngopo menèh ?"

"Kulo dhikèn mlumah njûk tiyang niku jenthat jenthit nganu jé, ambegané ngos2an”
"Ngéné, po ? (Ki Gdé jenthat jenthit ambegané krénggosan)"
"Enggîh "

Gedhebag ….. gedhebug …… gedhebag ….. gedhebug ……

"Nèk ngono iku dhudhu wong tróndóló"
"Mboten tróndóló pripûn ?"
"Kówé rak yo pénak, to ?"
"Enggîh "
"Tandhuk ?"
"Enggîh "

Gedhebag ….. gedhebug …… gedhebag ….. gedhebug ……

"Marem ?"
"Enggîh "
"Nèk ngono iku dhudhu wong tróndóló"

"Wééééééééé, mboten ngoten thok, jé”
"Ngopo menèh ?"
"Tiyang niku sakit AIDs !"

"Nèk ngono iku dhudhu wong tróndóló"
"Lha nopo ?"
"Kuwi jenengé ... B I A N G A N É !!!"
=========================================

Peturon nyolowaði.

Painem kaget naliko nemoni bójóné wudho bebarengan karó cah wédhok enom tûr ayu îng peturon.

"Hayo ! Ngopo kuwi ………. !"
"Sîk, sîk, sîk, …….. sarèh … sarèh … sarèh …”
"Wîs, ra sah kakèhan parikan, pûn kulo mang pegat mawon, … uhuk …"
"Ojo kesusu mbokné, aku tak omong mènèhi katrangan disîk "
"…. uhuk …. uhuk …. uhu …. huuuuuuuuu"

"Aku mau mulîh ketemu gendûk enom iki kudhanan îng tengah ndhalan "
"…. uhuk …. uhuk …. uhu …. huuuuuuuuu"
"Njûk tak jak mulîh ngéyub kéné ….”
"…. uhuk …. uhuk …. uhu …. huuuuu"
"Bar kuwi tak wènèhi sandangan2mu sîng wîs óra tok nggo"
"…. uhuk …. uhuk …. uhu "

"Njûk tak wènèhi pangan2 sîng kówé óra dhoyan"
"…. uhuk …. uhuk …”
"Pokoké sakabèhîng barang2mu sîng kówé óra seneng, tak wènèhké "
"uhuk …. Supadhos kulo … uhuk … mangké tumbas sîng anyar2 ?"
"Hè ‘èh. Sepatu2, tas2, lsp, tak wènèhké "

"Woooo, nèk niku tumindhak saé”
"Lha mulakno kuwi, ……”

"Lha kok tekan peturon niki pripûn ?"
"Genduké takon, ono barang2 liyo sîng wîs óra tau tok nggo, óra ?"
"Njûk ?"
"Lha peturon iki rak wîs ra tau dhinggo saru, to ?"
"Enggîh”

"Mulakno kuwi tak wènèhké "
"Nîng, kok nganggé wudho barang ?"
"Lha sîng arep ngajari carané nganggo peturon iki sopo ? "
====================================

Ngupaði ðarmanîng Wanito

"Ki Gdéééééééé !"
"Ono opo, ono opo !"
"Pûn, kulo mang pejahi mawon, Kiai ….. uhuk …. uhuk …"
"Lhó, teko2 kok njalûk mati ?"
"Kulo dhitilar yang kulo, Kang Paijo ngrabi cah kilèn kali … ….. uhuk …. uhuk …"
"Wah, sîng jenengé urip iku …. blah ….. blah ….. blah …”

"Ki Gdéééééééé !"
"Opo ?"
"Kulo mriki mboten ajeng ngrungokké panjenengan ngomyang"
"Lha arep ngopo ? Arep njalûk pati ?"
"Enggîh, nîng sadhèrèngé pejah, kulo tak ngrasakké dhadhos sejatinîng wanito"
"Opo karepmu ?"
"Kulo niki tesîh prawan sunthi, jé”

"Njûk piyé ? "
"Kulo mbok dhipadhoské tiyang jaler supadhos ndhadhosaken kulo sejatinîng wanito”
"Sadhurûngé nglalu, kówé kepîngîn ngrasakké dhadhi wong wédhok dhuwé bójó, po ?"
"Enggîh”

"Yoh. Aku baé, po ?"
"Ki Gdé ?"
"Mumpûng nyainé lagi kulak saham menyang Wall Strît”
"Kulo nyulihi Nyai Gdé ?"
"Hè’èh. Gelem óra ?"
"Mbénjang menopo ?"

"Saiki"
"Sameniko ? "
"Saiki. Detik iki ……"
"Ihik …… kulo tesîh prawan sunthi, jé ……"
"Óra opo2. mengkó tak wuruki”
"Ihik ……. Isin, ah …… "

"Piyé, gelem óra"
"Ihik, ….. Nggîh sakersané …. Setunggal jam kémawon, nggîh ?"
"G Óra cukup, palîng óra rong jam”
"Kalîh jam ? Menopo panjenengan kuwawi ?"
"Lhó, kówé sîng kudhuné tak takoni, kuwat rong jam óra ?"
"Panjenengan kiat kalîh jam ? Mangké nèk mlicèt, pripûn ?"
"Lhó, nèk aku rak wîs kapalen. kówé isîh prawan, gampang mlicèt”
"Ngîh pûn, kulo manût”

"Sîk, aku tak ucûl klambi lan kathok"
"Teng ngriki ?"
"Ho’oh"
"Wah ……”

Ki Gdé Dadûng Ireng gemrégah terûs ucól2 klambi lan kathok, kari kolóran

"Nyoh, iki dhikumbahi njûk dhisetriko, yo. Bar kuwi njûk resék2 ómah lan masak. Ojo sambat nèk nganti mlicèt2, yo”

[ yé,sîng senengané saru kecelîk hehehe.. ]
============================================

Telpón nyolowaði

Kriiiiîng ….. Kriiiiîng ….. Kriiiiîng ….. !

"Halooooooo ……”
"Halo ……”
"Lhó, sopo kuwi ?"
"Kulo Parjo"
"Parjo sopo ?"

"Kulo tukang kebon, dhidawuhi negori wit2an”
"Aku óra rumongso kongkonan tukang kebon, kok ?"
"Nembé énjîng wau dhidawuhi ibu sîng kagungan griyo "
"Wo, yo wîs. Ibuné aturono nampani telpûn. Jo”
"Ibunipûn saweg kelonan kalian garwanipûn teng nglebet kamar"

"Ha ? Kurangajar !"
"Lhó, pripûn to ?"
"Kuwi dhudhu bójóné ! Aku bójóné. Kurangajar !"
"Wééé, lhaaaaa ……"

Sepi nyenyet

"Sîk, sîk, sîk ……….. kówé tak wènèhi duwît 10 yuto, gelem ?"
"Nggîh, ……. Kulo kèn nopo ?"
"Anggonmu negori uwît nganggo opo ?"
"Pethèl"
"Tegoren guluné wong2 sîng lagi kelonan kuwi”
"Nggîh !"

Gedubrak, …….. gedhebug, ……… glodag, ………. bet, bet. !

"Piyé ?"
"Empûn pejah sedhoyo. Layon2é dhinapakké ?"
"Cemplûngno blumbang kono ……”
"Blumbang ? Pundhi ? Ngriki mboten onten blumbangé”

Sepi nyenyet

"Sîk, sîk, sîk ……. Kéné nomer telpuné 864-6666, udhu ?"
========================================

Ndhilalah nyolowadhi

Sawijinîng dhino Bardhiman jajan gudeg klenthèng

"Mbok, kulo tak nyuwûn sekûl gudeg nganggé tigan, pupu lan tahu"
"Wé lha, ndhilalah kok abané sami kalîh tiyang éstri niko"
"Wo, enggîh to ?"

"Mbak, samang obo sego gudeg nganggo endog, pupu lan tahu ?"
"Ho-oh, kok ndhilalah podo yo …… ?"

"Samang kok ono kéné dèwèkan ?"
"Lagi seneng2, saiki aku kasîl meteng sawisé 10 tahûn rabi"
"Lhó, kok ndhilalah podo yo ?"

"Piyé, to ?"
"Aku wîs 10 tahûn experimen yo kasîl nangkarké manûk obar-abir"
"Obar-abir piyé, to ?"
"Manûk abang tak jódókké karó manûk ijo kok óra kasîl”
"Wah, njûk piyé ?"
"Manuké wédhok tak cóboni karó manók2 manéko werno, kok malah kasîl”
"Wé, lha dhalah ….. kok ndhilalah podo yo ?"

"Ndhilalahé piyé ?"
"Sawisé tak cóbo nganggo manûk manéko werno, aku kok njûk meteng …… "
========================================
"Tonggo lanang mbeler"
"Wah bu Tuti, bójóku nèk mulîh mesthi mèh èsûk. Tak élékké ndhableg banget”
"Tak kandani carané, bu Watik"
"Piyé ?"
"Angger bójóku bali, aku bisik2 : sssstt ….. kówé po, Mbang ?"
"Mosok, mûng dhingonokké njûk kapok mulîh kewengèn ?"
"Lha bójóku jenengé Joko, jé”

"Bopo mbeler"
"Kok mrengut ?"
"Aku arep dhadhi bapak manèh, jé”
"Wo, KB bocor, to ?"
"Óra”
"Lha opo ?"
"Bójóku dhurûng ngerti nèk aku arep dhuwé anak menèh”

"Foto Nyolowadhi"
"Buné, kówé kok senengané ndheleng fotoku îng dompètmu, to ?"
"Angger nemahi sengsoro, mbok koyo ngopo sengsarané, aku ndheleng fotomu. Roso sengsoro njûk ilang”
"Tenan, to. Aku pancèn dhîgdhoyo"
"Ho ‘oh. Angger ndheleng fotomu aku nggagas – óra ono sîng luwîh sengsoro tinimbang dhadhi bójómu ?"

"Jódó mbeler"
"Trèmbèlané, pas polokromo lagi ngerti nèk sîng tak rabi jebûl dudo anaké telu”
"Wah, tenèh marahi getón"
"Ho’oh. Anak2 gawanku sîng cacahé limo yo podo getûn kabèh”

"Jaran mbeler"
"Iki ono jeneng Cindy îng sak-mu "
"Sindi ?"
"Yangmu, to ? Hayo ngaku !"
"Wo, kuwi jeneng jaran balap”
"Woooo, yo wîs ….”

"Moaaaaaaaasssss !"
"Ono opo ?"
"Iki, jarané kirim SMS ……”

"Sangkan paranîng pégété"
"Opo sebabé ono pégété (pegatan)"
"Sebab ono plokromo”

"Sîng dhirabi sopo ?"
"Pak, jaréné wong2 Afrika iku óra ngerti bójóné sadhurûngé dhino rabi”
"Ah, óra mûng Afrika. Sakabèhîng nggon ngono !"
===========================================

Gemblong nompo warisan

"Temu lan Omon, mrénéyo, tak kandani”
"Ono opo ?"
"Pak Rono gerah nemen …….”
"Pak Rono sîng uthil kaé ?"
"Iyo. Kétoké óra ono sîng niliki jalaran podo óra seneng. Uthilé nyeteg. Nîng óra dhuwé turûn”
"Njûk piyé ?"
"Saiki ayo podo mrono. Bejan2, sopo ngerti dhitinggali warisan”
"Wo, ho ‘oh yo. Sopo ngerti ?"
"Ho ‘oh. Yûk mrono yûk …… "

"Mbah Rono, niki kulo Gemblong, Temu kalîh Omon sowan"
"Wah, ……. cah mbeling2 kok genep totokramané”
"Enggîh mbah, niki laré2 badé nguntapken mbah Rono kondhur nuju zaman kelanggengan. Ayo Temu lan Omon podo ndhonga bebarengan”
"Adûh, bocah teluuuuu ….. gedé panarimaku déné wîs podo nguntapké aku. Sadhurûngé aku mati, kówé tak tinggali duwît Rp. 300,000 kanggo wong telu. Saben bocah tak titipi Rp 30,000,000.- supoyo dhilebokké amplop lan cemplûngno ono sajronîng bandosaku”

Sawisé layatan, bocah2 podo ketemu manèh.

"Mon, piyé welingé mbah Rono wîs tok tindhakké, to ?"
"Wîs, nîng sîng tak lebokké bandosa mûng rong pulûh yuto”
"Sîng sepulûh yuto ?"
"Tak caoské bopo guru supoyo biso kanggo ndandani sekolahan”
"Wé, kok ngono to ?"
"Óra opo2, mengkó rak swargi mbah Rono biso ketompo îng kaswargan jalaran wîs nyumbang sekolahan"

"Nèk kówé piyé, Mu ?"
"Sîng tak lebokké mûng sepulûh yuto"
"Sîng rong pulûh yuto ?"
"Tak caoské bopo yatim piatu supoyo biso nyantuni bocah2 kuwi”
"Wé, kok ngono to ?"
"Óra opo2, mengkó rak swargi mbah Rono biso ketompo îng kaswargan jalaran wîs nyumbang yatim piatu”

"Nèk aku óra ngono, telûng pulûh yuto tak caoské kabèh supoyo biso nyogok bèn ra mlebu neroko"
"Wah, kówé pancèn mituhu dawûh, Mblong”
"Tûr óra dhuwé roso mélîk. Wîs trimo dhiparingi 100,000”
"Gemblong pónakané Kiai Góntèng, jé”

"Sîk, sîk, sîk ….. sîng tok caoské swargi mbah Rono mau opo ?"
"Cek"
source: xibroto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar