my banner link

Sabtu, 28 November 2009

Dagelan Jowo 2

Bocah Ngah Ngoh Nyolowaði

Saliyané dhadhi dukûn usodho, Ki Gdé Dadûng Ireng ugo kesuwûr dhadhi konsultan kulowargo, métani lan ngudari ruwet rentengé urip, rembûg salaki rabi, kulowargo, lsp. Nadahi pangudhoroso2 pasien2é. Saliyané pasien2 koyo lumrahé wong, Ki Gdé asrîng ketemu parogo2 nylenèh.

Bocah Ngah Ngoh Nyolowadhi
Dhino iki praktek dukûn Ki Gdé Dadûng Ireng rodho sepi. Mak jedul, yu Tukinah teko karó sesambat.

"Wadóóóóûh, ketiwasan Ki Gdé .....”
"Ono opo yu, ono opo, ........”
"Kulo dhisujani bójó kulo ..”
"Konangan anggonmu kakèhan utang, po ?"
"Mboten. Anak kulo 4, sîng setunggal kok bènten”

"Séjé piyé ?"
"Îngkang tigo nggantheng2, bagós2, prigel2, lan wasis2 ..”
"Sijiné wîs èlik, mrongos, pèsèk, ngah ngoh, tûr pah poh, to ?"
"Enggîh. Bójó kulo sujono, takèn gèk bocah niku anaké sinten ?"
"Lha, anaké bójómu dhudhu ?"
"Lha, niku ... nèk kulo bloko suto malah natoni atiné bójó kulo ... !"
"Mesthi baé ketaton, wîs dhitinggal slingkûh, isîh kon ngopèni bocah pah poh. Nèk anaké pah poh mesthi baé bapakné tunggal déné. kówé ki kepiyé, to yu ? Kebangeten tenan. Golèk konco slingkûh baé sîng luwîh èlèk. Marakké bójómu kebantîng. Mulo kuwi, yu ... blah ... blah ... blah ..”

Ki Gdé Dadûng Ireng ndhremimil mènèhi kotbah nganti jam2an. Yu Tukinah mûng ndhomblong nganti untuné mrongos kabèh ngrungokké ceramahé Ki Gdé Dadûng Ireng.

"Sîk, sîk, sîk ....”
"Ono opo yu, ono opo, ........”
"Wong mboten ngoten, kok ... !"
"Lhó, lha piyé ?"
"Bocah sîng ngah ngoh niku malah asli anak kandungé bójó kulo, jé ..”
"Lhó, lha sîng telu anaké sopo ?"
************************************************************

Bocah grapyak Nyolowaði

Karó nggéndong anaké, Tuginah ngadep Ki Gdé Dadûng Ireng.
"Ono opo, ono opo ndûk ?"
"Gandûng niki mpûn gedé, mpûn wasîs guneman nîng tesîh nyusu”
"Wo, njalûk dhiusadhani bèn dhisapih, po ?"
"Mboten. Wah, jiaaaan … niki anak kulo niki, lhóoooo ….”
"Mbelîng, po ? Kéné tak usadhanané …”
"Mboten, Gandûng mboten mbeling, kok ?"

"Lhó …. , lha piyé ?"
"Malah kegrapyaken, jé … !"
"Genahé piyé ?"
"Wingi kulo nyepur … "
"Ngajak Gandûng ?"
"Enggîh. Jèjèr kulo onten tiyang jaler enèm tûr nggantheng merak ati”
"Terûs ?"
"Gandûng pas nyusu, ndhilalah kok kulo tilem …”
"Cah lanang kuwi rak óra tróndóló, to ?"
"Mboten, tiyang jaler niku jangkep toto kramanipûn, kok”
"Généyo ?"

"Lha niku, … Gandûng niku grapyak sanget …”
"Grapyak piyé ?"
"Gandûng nawani tiyang jaler wau, … “ bang, mari mimik bareng2” … ngoten"
"Wah, cah lanangé kepriyé ?"
"…. mèlu2 mimik, jé …"

"Yo wîs, anakmu tak usadhanané bîn biso dhisapîh …”
"Mboten, sîng kedhah dhiusadhani malah kulo …"
"Lhó, kówé kenèng opo ?"
"Kulo ketagihan, jé "
************************************************************

Morotuwo morot NYOLOWADHI

"Wadóóóóûh, nyuwûn tulûng Ki Gdé Dadûng "
"Ono opo mbok rondho Painah, ono opo, ........”
"Anak kulo nggarbini ..”
"Sîng lanang mlayu, óra gelem tanggûng jawab, to ?"
"Purûn ... !"
"Généyo ?"

"Gandèng empûn gadah anak bójó, tiyang niku mboten purûn ngrabi anak kulo"
"Lhó, terûs wujûd tanggûng jawabé opo ?"
"Nèk anaké wadhon, anak kulo dhiparingi arto setunggal milyar "
"Wadûh ! Nèk lanang ?"
"Sami, nggîh angsal sak milyar"
"Nèk kembar ?"
"Kalîh milyar !"

"Lha, kówé lan anakmu trimo óra ?"
"Trimah kémawon”
"Généyo ?"
"Nèk keguguran mboten angsal nopo2, ... pripûn niki ?"
"Wo, kówé njalûk anakmu dhijompa jampi bèn óra keguguran. Ngono, po ?"
"Enggîh, nîng mboten cekap ..”

"Opo manèh ?"
"Nèk ngantos keguguran, tiyang niku dhi-guno2 "
"Bèn opo ?"
"Supadhos purûn ngetengi anak kulo malîh ..”

"Sîk, sîk, sîk ....”
"Onten nopo ?"
"Wong lanang kuwi dhi-guno2 bèn gelem ngetengi yu Painah sisan, po ? "
**************************************************************

Temunggûl nyolowadhi

Tukijan mèh dhadhi mantèn ngadep Ki Gdé Dadûng Ireng

"Ono opo, ono opo Jan”
"Kulo badé merdhi kawrûh, Ki Gdé …”
"Yoh, tak ajari werdhinîng dhriji, po ?"
"Nggîh, jempol niku nggé nopo, to ?"
"Jempol iku keno kanggo tapak asto. Opo manèh nèk pas dhicekel polisi. Tumrapé wong Jowo, kanggo manggakké”

"Nèk jenthîk ?"
"Kuwi gunané kanggo uthik2 upil. Yèn uthik2 nganggo jempol, irûngmu biso ndhowèr”
"Nèk dhriji manis ? "
"Dhriji manis biso kanggo wadah ali2 tunangan utowo rabi”

"Nèk dhriji penudhîng"
"Kuwi kanggo nudhingi, tudhang tudhing, ndhulit panganan, lan ndhuleg moto musuh”
"Nèk penunggûl (jari tengah) ?"
"Kombinasi Penunggûl lan Jempol bisa manéko warno. Biso methèti manûk, nylentiki cah mbeling, lan nudhuhké duwît”

"Nèk Penunggûl thok pripûn ?"
"Mengkó, yèn kówé wîs dhadhi mantèn anyar"
"Wo, nggîh ….”

Sakuntoro sawisé daûp Tukijan ngadep manèh.

"Ono opo, ono opo Jan”
"Kulo badé nglajengaken merdhi kawrûh dhriji”
"Yoh, arep takon opo ?"
"Penunggûl kanggé menopo ?"

"Sakwése dhadhi mantèn anyar, kówè kadhangkolo óra kuwat, to ?"
"Enggîh, sok kesel kulo”
"Lha, kuwi gunané penunggûl”
"Nggé nopo ?"
"Nèk kówé kesel lan bójómu isîh kepîngîn, gunakno Penunggól"
"Carané pripón"
"Penunggûl tèmplèkno …. bathuké bójómu”
"Terûs ?"
"Kondo karó bójómu … “ Jeng, iki wîs wengi, gèk bobûk “"
*************************************************************

Kesripahan Nyolowaði

"Ono opo, ono opo kok nangîs sesenggrukan"
"Ibu morosepûh kulo sédho”
"Wah, ndèrèk bélosungkowo"
"Hóa ….. hóa ……. hóa ……”
"Wîs, wîs, iklasno, ojo dhigawé susah banget, ……”

"Mboten mûng kesripahan niku, jé ……”
"Lha, opo manèh ?"
"Sedhinten kulo kesripahan kapîng tigo …… "
"Ha ? Sopo manèh sîng sédho ? "
"Ibuné bójó kulo …… Hóa ….. hóa ……. hóa ……”

"Lhó sîng siji manèh ?"
"Bésan romo kulo ……. Hóa ….. hóa ……. hóa ……”

" Bésan romo kulo ……. Hóa ….. hóa ……. hóa …….
***********************************************************

Konsultan pégété

"Ono opo, ono opo, kówé kok nesu2"
"Bójó kulo ajeng kulo pegat !"
"Lhó, salah opo ? Slingkûh, po ?"
"Mboten ! Malah dhiperkosa dhuratmoko dhurjono "
"Lha nèk dhiperkosa mesthiné dhibélani kok malah arep dhipégété kuwi piyé, to ?"
"Kedhahipûn nggîh ngoten Kiané, …"
"Lha keno opo ?"
"Bójó kulo dhiperkosa malah mapan, jé”
"Mapan piyé ?"
"Nganggé gantos posisi, …. niku pripûn ? "
" "
- óo-

"Ono opo, ono opo ?"
"Bójó kulo nyuwûn pegat"
"Salah opo kówé ?"
"Mboten ngertos"
"Sîk, sîk, sîk, …. ólèhmu rabi wîs pirang tahûn ?"
"Tigang wulan"

"Mantèn anyar, to ?"
"Enggéh"
"Wîs ngerti, dhadhi mantèn iku piyè ?"
"Empón"
"Piyé ?"
"Turéné dhadhos ngantèn niku sakéndahîng dhalu, ngoten”
"Lha iyo, nèk bengi kówé ngopo ?"
"Nggîh ngraosaken éndahîng dhalu, to ?"

"Lha iyo, piyé carané ?"
"Linggîh lincak onten njawi, nyawang lintang onten tawang"

"Bójómu piyé ?"
"Awé2 ngajak kelonan ……"
"Terûs ?"
"Kulo mboten purûn. Turéné kèn nyawang éndahîng dhalu, to ?"

- óo-

"Ono opo, ono opo Jo, kówé kok nesu2"
"Bójó kulo ajeng kulo pegat !"
"Lhó, salah opo ? "
"Wiwît prawan nganti sakniki senengané nandîng2ké"
"Nandîng2ké piyé ?"
"Si A luwîh bagûs, si B luwîh sugîh, si C luwîh grapyak …”
"Wîs, bójómu gawanen mréné, tak wejangé. Sithik2 kok pégété. Óra pantes !"
"Nîng gunemané sîng pungkasan natoni ati kulo"
"Muni piyé ?"
"Jaréné kulo mboten wasîs ngeloni"
"Yo wîs, kéné tak wuruki bèn kówé wasîs karonsih. Ojo gampang nglokro”
"Sanès niku "
"Lhó, lha piyé ?"
"Bójó kok kulo ngertos kulo mboten wasîs ngeloni ?"
"Empûn nyóbi kaliyan sinten kémawon ?"
*************************************************************

Slilît Nyolowadhi

"Ki Gdééééééééééééé !"
"Ono opo Paidhi, ono opo …….”
"Kulo mboten siyos ngrabi Rubiyem"
"Lhó, opo sebabé ?"
"Rubiyem mpûn mboten prawan"
"Ngertimu seko ngendhi ? Wîs tok tiliki, po ?"
"Mboten sah dhitiliki mpûn ketingal"

"Piyé carané ?"
"Nèk bar dahar sambel Ki Gdé slilidhen nopo ?"
"Lombok"
"Nèk dahar dhagîng ?"
"Yo suwiran dhagîng"
"Nèk Rubiyem mboten ngoten”
"Piyé ?"
"Mboten mangan nopo2 kok slilidhen ?"
"Untuné Rubiyem patîng pecothot koyo Marwoto Kèwèr, po ?"
"Mboten. Untuné Rubiyem miji timun. Nèk kadhos Marwoto, balûng saget dhadhos slilit”

"Nèk untuné rapet kok biso slilidhen ?"
"Nopo malîh angger bar késah kalîh Tukiman. Mesthi slilidhen”
"Sîk, opo pergathukané slilît karó prawan ? Ojo ngawûr kówé !"
"Lhó, onten mawon. Lha niku nggé bukti, jé”
"Kok anèh ?"
"Lha mulakno niku, Nyolowadhi mboten ? "
"Sîk, sîk, sîk, …….. slilidhen opo, to ?"
"Rambût saru !"
***********************************************************

Plastik Nyolowadhi


Crito sadhurûngé, Paidhi wadhûl karó Ki Gdé Dadûng Ireng kondo yèn Rubiyem mesthi wîs óra prawan jalaran ono slilît Nyolowadhi. Paidhi lagi waé mungkûr sak klépatan, Rubiyem teko

"Ki Gdééééééééééééééé !"
"Ono opo Yem, ono opo …….”
"Kang Paidhi wau mriki wadhûl nopo, hayo !?"
"Piyé, to ?"
"Mesthi nyenggûh kulo mboten prawan, to ?"
"Lha kówé isîh prawan óra ?"
"Kang Paidhi sîng goroh, ngakuné joko thing-thing, jebûl joko beg-beg"

"Joko beg-beg ? Sak ngertiku Paidhi dhurûng tau rabi. Kétoké isîh thing-thing"
"Nyatané mboten thing-thing, kok ?"
"Ngertimu seko ngendhi ?"
"Sak dhèrèngé niki kulo tau yang2an kalîh Kang Tukiman sîng tesîh joko thing-thing”
"Ngertimu nèk Tukiman isîh thing-thîng ? "

"Barang2 nèk tesîh anyar, tesîh thing-thing, dhibuntel plastik. Gamané Kang Tukiman tesîh onten plastiké”
"Gaman ? Plastik ?"
"Niku lhó, sîng wujudhé kadhos plembungan ……"
"Hus, kuwi dhudhu plastik nîng karet KB"
"Nggîh, sak kersané anggèné ngarani. Pokoké tesîh teng njero plastik"

"Sîk, sîk, sîk …… kok werûh gamané Tukiman ?"
"Lha, nèk pas yang2an teng motel niko ?"
"Wé lha dhalah, ……….. tekan motel ? Nèk ngono kuwi kówé wîs ra prawan"
"Wéééééé, kulo tesîh prawan, kok. Ampûn ngawur, Ki Gdé !"
"Lha gawéné yang2an nèng motel nganggo gaman barang ngono, kok ?"
"Lhó, nèk yang2an gamané kang Tukiman plastikan terûs kok"
"Tegesé opo ?"
"Tegesipûn, nèk tesîh onten plastiké, kang Tukiman tesîh thing-thing”

"Lhó kok ngèyèl, kówé kuwi wîs óra prawan, ndûk !"
"Mboten prawan pripûn ? Lha nèk kang Tukiman tesîh joko thing-thing, kulo rak nggîh tesîh prawan, to ? Nggîh mboten. Ki Gdé ?"
"Mangertiyo ndooooooook ….. , kówé kuwi wîs óra prawan ! Ojo waton ngèyèl !"
"Mboten ! Nèk gamané Kang Tukiman dhioncèki plastiké, niku mpûn dédé joko thing-thing. Dhadhiné kulo nggîh mboten prawan. Nîng angger yang2an, buntelé plastik onten terûs, kok. Mudeng mboten ? Sîng ngèyil niku sakjané Ki Gdé nopo kulo, to ? "

Dhièyèli Rubiyem Ki Gdé Dadûng Ireng ketètèran. Untuné Ki Gdé Dadûng Ireng sîng pancèn rodho mrongos dhadhi tambah mrongos.

"Sîk, sîk, sîk, …….. nèk Paidhi ?"
"Mpûn dhédhé joko thing-thing"
"Sebabé ?"
"Mpûn dhioncèki tiyang sanès”
"Sîng dhioncèki apané ?"
"Gamané"
"Kok ngerti ? "
"Empûn kulo tiliki, kok”
"Walaaaaaaaah ……….. tok tiliki ?"
"Lhó, enggîh to. Lha kulo niki tesîh prawan, jé. Gadah hak niliki riko tesîh thing-thing mboten”
"Paidhi yo gelem tok tiliki ?"
"Purun"
"Jagat Dhéwo Bathoro, …….. Njûk kówé werûh opo ?"
"Empûn mboten onten plastiké !!"
**********************************************************

Konsultan Bisnis

Jalaran asrîng dhisambat mantan direkturé, suwé2 Ki Gdé Dadûng Ireng ugo kerep dhadhi konsultan manajemen & bisnis.

Garasi Nyolowadhi
"Ono opo ?"
"Kulo nyewakken garasi mboten pajeng2"
"Wîs pirang ndhino ?"
"Setunggal tahón"
"Kelarangen ?"
"Mboten, malah langkûng mirah kalian umumipón"
"Yûk, dhidheleng disîk garasiné "
...........................................
"Pripûn ?"
"Bèn payu, garasiné ojo sîng tingkat lóró !"

Genthong Nyolowadhi
"Wong telu podo mréné bebarengan perlu opo ?"
"I : Kulo kepîngîn sugéh"
"Kulo kepîngîn mindak pangkat"
"Kulo kepîngîn jódó"
"Banyu soko genthongku iki tak ombéné lan tak semburné kówé"
"I, J, Nggîh ... !"

"L, kok prembik2 keno opo kówé ?"
"L : Nyuwûn suwûk supadhos mboten kuwalat"
"Kok kuwalat, salah opo ?"
"L : Anu, anak kulo kungkûm teng genthong sampéyan"
"Wé, lha dhalah ……”
"L : Nganggé pipis parang, jé”


Tukang bécak Nyolowadhi
"Ono opo ?"
"Kulo nglampahken becak mboten pajeng"
"Wîs pirang ndhino ?"
"Setunggal tahón"
"Kelarangen ?"
"Mboten, malah langkûng mirah kalian umumipón"
"Yûk, dhidheleng disîk becaké "
...........................................

"Pripûn ?"
"Bèn payu, anak lan bójómu ojo tok sèlèhké ono becakmu !"


Dokter untu Nyolowadhi
"Ono opo ?"
"Kulo dokter gigi. Angger ajeng ngebor, pasienipûn sami mlajar"
"Bormu gedi banget ?"
"Mboten"
"Swarané nggegirisi ?"
"Mboten"
"Cóbo rekonstruksi, piyé ólèhmu ngebor"

".............................”
".............................”

"Pripûn ?"
"Nèk ngebor sîng merem kudhuné pasienmu. Dhudhu kówé !"


Ternak manûk Nyolowadhi
"Ono opo ?"
"Kulo nangkaraken peksi mboten kasél"
"Manuké lanang kabèh utowo wedhok kabèh ?"
"Mboten"
"Manuké séjé2. Perkutût dhijódókké béo ?"
"Mboten"
"Cóbo, tak dhelengé"
..............................

"Pripûn ?"
"Manuké ojo dhikurungi déwé2"


Salon Rambût Nyolowadhi
"Ono opo ?"
"Kulo bikak salon rambût mboten pajeng"
"Kelarangen ?"
"Mboten"
"ólèhmu bukak ono tengah sawah ?"
"Mboten"
"Cóbo, tak dhelengé"
...............................

"Pripûn ?"
"Nèk ngramasi nganggo banyu manget2, óra perlu wédhang umeb nganti mlonyoh”
" "
Salon Ayu Nyolowadhi
"Ono opo ?"
"Kulo bikak salon ayu mboten pajeng"
"Kelarangen ?"
"Mboten"
"ólèhmu bukak ono tengah sawah ?"
"Mboten"
"Cóbo, tak dhelengé"
..............................
..............................

"Pripûn ?"
"Lipstik ojo dhiolèské moto. Eyeshadow ojo dhiolèské pipi. Pupûr ojo dhiolèské"
lambé.

Saté Nyolowadhi
"Ono opo ?"
"Kulo sadhé saté mboten pajeng"
"Kelarangen ?"
"Mboten"
"Dagingé alot ?"
"Mboten, jaréné kekathahen cuka. Mongko bumbu kulo mboten nganggé cuka”
"Cóbo, tak dhelengé"

..............................
..............................

"Pripûn ?"
"Serbèt kanggo ngelapi pirîng ojo tok nggo ngelapi kringetmu"
************************************************************

Fund Manager nyolowaði

"Wé, lha dhalah …… teko2 nggowo karûng sak hoh hah, isiné opo ?"
"Yotro, kulo menang lotre"
"Arep tok nggo opo duwît semono akèhé ?"
"Lha niku, kulo ajeng takèyotro kîngîng kanggé tumbas nopo ?"
"Duwît keno kanggo tuku loji, gedung, bangunan, apartment, lll, nîng dhudhu ómah"

"Nomer kalîh ?"
"Duwît keno kanggo tuku tempat tidur, kemul, kasur, lll, nangîng dhudhu turu"
"Nomer tigo ?"
"Duwît keno kanggo tuku jam, tanggalan, lll, nangîng dhudhu wektu"
"Nomer sekawan ?"
"Duwît keno kanggo tuku buku2, cd-rom, warnet, lll, nangîng dhudhu kawróh"

"Nomer sekawan ?"
"Duwît keno kanggo tuku pangkat, izasah, lll, nangîng dhudhu pakurmatan"
"Nomer gangsal ?"
"Duwît keno kanggo tuku jamu, klinik, lll, nîng dhudhu kawaluyan"
"Nomer enem ?"
"Duwît keno kanggo tuku birahi, pîl saru, motel, lll, nîng dhudhu sîh katrésnan"
"Kapîng pitu ?"
"Keno kanggo tuku pupur, bèngès, celak, lll nîng dhudhu kasulistyan sejati”

"Wah, nèk ngoten mboten kathah ginané gadah yotro, nggîh ?"
"Hè ‘èh”
"Njûk prayogané pripûn ?"
"Duwité tinggalen kéné baé”
"Badé dhipûn bucal ?"
"Óra. Mengkó tak …………. opènané”
*******************************************************

Dukûn ayu nyolowaði


Sîng ngadepi saingan óra mûng kalangan bisnis, dukûn2 baé podo saingan nganti Ki Gdé Dadûng Ireng kemropok jalaran ono dukûn tiban sîng marahi gègèr, larîs banget.

"Mblong, praktek dukónku rodho sepi "
"Enggéh"
"Mbokmenowo pasien2ku dhisrobot uwong"
"Njûk pripûn ?"
"Kówé tak dawuhi inpestigasi, saingan2ku sopo waé ?"
"Nggéh"

"Piyé asilé, sisîh lor ono sopo ?"
"Onten Dukûn Kiai Brakot"
"Piyé modus operandiné ?"
"Îngkang sakît dhipûn brakot"
"Nèk kupingé abûh ?"
"Kupîngipûn dhipûn brakot"
"Wah, nggilani kuwi. Mesthi óra payu”

"Nèk sisîh wétan ono sopo ?"
"Dukûn Kiai Seból"
"Nèk mules dhisebûl wetengé, ngono to ?"
"Enggéh"
"Kuwi yo óra payu. Pasiené óra mari malah podo semapût. Dukuné ababé mambu”

"Sisîh kulon ono sopo ?"
"Dukûn Kiai Dumók"
"Nèk tangané kecethit, dhidhumûk tangané, po ?"
"Enggéh"
"Wah, kuwi yo óra payu sebab dukuné gawéyané ndhumuki sîng óra perlu dhidhumûk”

"Larîs déwé sopo ?"
"Nyai Cucóp"
"Nèk mumet dhicucûp ubun2é, to ?"
"Enggéh"
"Jaréné dukûn tiban, isîh anyar ?"
"Enggéh"
"Larisé koyo opo ?"
"Antri "
"Sepiro dhawané ?"
"Sekîng Lamongan dhumugi Gresik"

"Wé, lha dhalah …. kemropok aku. Mergo ayu, to ?"
"Enggéh"
"Jagat Dhéwo Bhatoro …………. dukûn urik kuwi. Adhol ayu dhudhu kadhigdhayan"
"Enggîh”

"Pasiené lanang kabîh, to ?"
"Enggéh"
"Mesthi lambéné ethok2 njedir. Padhuné bèn lambéné dhicucûp nyai dhukûn, to ?"
"Sanès"
"Lhó, kok sanès ? Wong2 lanang iku njûr ethok2é keno opo ?"
"Anyang-anyangen"

source: xibroto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar